Alngamdulilah, awan iki iso melok Solat Jumungah, kebetulan le solat ndek mesjit walikota nDepok Jawa mBarat.

Bapak kotibe crito bab legenda Rojo Ngaleksander Agung, yen jaman iku mbiyen iso nakluk'ke kabeh-kabeh negoro seng ono eng ngalam dunyo iki.

Sak wise menang perang tandeng seng paleng pamungkas, Rojo Ngaleksander ngongkon kabeh-kabeh prajuret perange kudu mlebu guwo, guwone jembar banget nanging peteng ndedet. Trus ngomong ngene iki : hai siro kawulo kabeh prajuritku, eng kiwo tengen sikilmu seng peteng ndedet iki, ono barang-barang sembarang kalir, njimuk'en sak karepmu. Yen kowe ora njimuk bakal gelo, yen kowe njimuk saitik yo gelo, yen njimuk okeh yoo tetep ae gelo ... !!!

Prajuret perange dadi bingung lan pecah dadi telung kelompok, kelompok siji seng ora njimuk babar blas, mergo mikir nyapo ndadak njimuk barang yen marai gelo, kelompok loro seng njimuk saitik, alesane nyopo njimuk akeh-akeh yen mung marai gelo ngabot-ngaboti gawan ae, trus seng kelompok terakhir njimuk akeh banget, bathine wes tak jipuk'e ae seng okeh ... gelo yo ben ... iku urusan mburi ...

Sak wise prajurit rampung nindak'ake dawuhe Rojo Ngaleksander, mbanjur dikonkon metu guwo soko bareng-bareng ....
Eng njobo guwo, kabeh prajuret podo mlogo lan gelo kabeh .... persis koyo seng dingendika'ake Rojo Ngaleksander pas neng njero guwo.

Barang-barang sembarang kaler iku tibak'e brongkalan emas pat likur karat ... kotcrot-kocrot sinarane ... !!!

Seng njimuk akeh gelo, kenopo kok ora njikuk seng luweh okeh meneh ....
Seng njimuk saitik gelo, kenopo kok mung njimuk saitik ora okeh sisan ...
Seng ora njimuk babar blas, gelone ra karuwan ... kenopo kok ora njimuk - ra ketang sak pithesan ... apes tenan ...

Bapak khotibe negas'ake ... yo koyo ngono iku menungso suk eng alam ngakerat ... ora gowo kebecik'an gelo, gowo kebecik'an saitik gelo, gowo kebecik'an akeh yo gelo .... Kenopo ra gowo seng okeh sisan, sak wise ngerti pahalane soko Gusti Allah ra kiro-kiro penak'e ....
Mulo iku, Sidang Jumungah seng kamulyan ... ayo podo gawe kabecik'an seng akeh banget ... ra perlu dietung-etung ... wes pokok'e ngebut ... gas pol rem pol ... gabrus -- gabrus .... :)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MUKTAMAR BLOGGER 2013 : KUMPUL MENDINGINKAN PIKIRAN

GEREJA ....

Bakso Ikan 2 Samudra ada di GrabFood